Hati seorang wanita adalah lautan penuh rahasia



TANGGAP WACANA PENGETAN DINTEN KARTINI


Assalamualaikum wr. wb.
Ibu-ibu, sedherek-sedherek remaja putri ingkang satuhu kinurmatan. Sadherengipun, kula atas nami ketua penyelenggara ngaturaken angenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nglongaraken wekdal kersa ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengnan. Saged ngrawuhi pawiwahan pengetan dinten Kartini.

Raden Ajeng Kartini miyos ing tanggal 21 April 1879. Pramila ing tanggal 21 April punika kita mengeti minangka dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Kangge mrengeti perjuamganipun R.A. Kartini ingkang sampun ngangkat drajating wanita sami kaliyan drajating priya. Ananging sapunika para wanita sampun sami drajatipun kaliyan priya. Katinggal sapunika kathah menteri dipun lenggahi dening para wanita. Kathah dokter-dokter wanita, kathah kalenggahan para priya ingkang dipun pimpin para wanita, lan sapanunggalane.

Ing salebetipun mengeti dinten wiyosipun R.A. Kartini, ingkang kedah kita pangeti inggi punika semngatipun ing babagan emansipasi wanita. Mboten namung mangeti anggenipun Kartini ngagem nyamping, anggenipun Kartini mawi sanggul ageng. Nanging kados pundi R.A. Kartini majengaken wanita.

Mbok menawi saupami R.A. Kartini taksih gesang badhe mongkong ningali kawontenan kaum wanita ing nagarinipun. Ing sawunipun supados sederajat kaliyan priya tumrap hak-hak ipun.

Malah kathah ingkang dipun ginakaken tumuju dhumateng kawontenan ingkang mboten ngremenaken. Kados ta para wanita kathah ingkang sami ses rokok. Para wanita kathah ingkang nawi celana. Punika mboten ateges emansipasi lan R.A. Kartini mboten nggadahi emansipasi ingkang kadhos punika.

Emansipasai ingkang dipun perjuangaken R.A. Kartini inggih punika ngengingi hak ingkang sami antawisipun priya lan wanita. Manawi priya dipun parengaken sekolah wonten pawiyatan luhur para wanita inggih dipun parengaken ngudi ilmu wonten ing pawiyatan luhur. Mboten namung wanita dipun parengaken wonten ing wingking supados masak kemawon.

Sadherengipun wonten emansipasi saking R.A. Kartini wanita nyambut damelipun namung wonten pawon, mbonten wonten kaum wanita ingkang nyambut damel ing kantor kados sapunika. Awit sampun wonten paribasan manawi kados pundi inggiling sekolah wanita ing tembenipun badhe nyambit damel wonten pawob.
Ibu-ibu dalah remaja putri ingkang satuhu kinurmatan. Mbok bilih sapunika damel murih majengaken bangsa lan negari lan ugi agami, nanging mboten kentun wanita tansah sami nggula wenthah amring raharjaning kulawarga ugi tumut majengaken generasi muda supados mbina rumah tangganipun.
Kula kinten kirang wicaksana manawi atur wacana punika kula pepanjang. Pramila kula cakepi semanten kemawon mboten kantun kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun sami nyengkuyung wontenipun pengetan punika kanthi bantuan ingkang arupi punapa kemawon, mugi pikantuka lelintu ingkang samurwat saking ngarsanipun Gusti Allah SWT.

Wassalamualaikum wr. wb.
Nuwun.

Comments

  1. Maaf anda siapa?!!!!! Berani2nya anda memposting foto saya diblog anda tanpa seizin saya. Saya bs menuntut anda! Harap segera di hapus, terimakasih!!!! TTD RAFIKA CANDRA!

    ReplyDelete
  2. @rafika candra:yelahhh tengkyuuuu... sampun mampirrr... xixixixixiii

    ReplyDelete
  3. sbnernya ga mslh pk fto sy..tpi hrznya izin dlu..ok..sama2..

    ReplyDelete
  4. @rafika candra: yallaaahhh aakkuu jugga

    ReplyDelete

Post a Comment