Joyoboyo - ramalan


Iki sing dadi tandane zaman kolobendu
1. Lindu ping pitu sedino
2. Lemah bengkah
3. Manungsa pating galuruh, akeh kang nandang lara
4. Pagebluk rupo-rupo
5. Mung setitik sing mari akeh-akehe pada mati

Zaman kalabendu iku wiwit yen,
1. Wis ana kreto mlaku tampo jaran
2. Tanah jawa kalungan wesi
3. Prau mlaku ing nduwur awang-awang
4. Kali ilang kedunge
5. Pasar ilang kumandange
6. Wong nemoni wolak-walik ing zaman
7. Jaran doyan sambel
8. Wong wadon menganggo lanang



Zaman kalabendu iku koyo-koyo zaman kasukan, zaman kanikmatan donya,
nanging zaman iku sabenere zaman ajur lan bubrahing donya.



1. Mulane akeh bapak lali anak
2. Akeh anak wani ngalawan ibu lan nantang bapak
3. Sedulur pada cidro cinidro
4. Wong wadon ilang kawirangane, wong lanang ilang kaprawirane
5. Akeh wong lanang ora duwe bojo
6. Akeh wong wadon ora setia karo bojone
7. Akeh ibu pada ngedol anake
8. Akeh wong wadon ngedol awakke
9. Akeh wong ijol bojo
10. Akeh udan salah mongso
11. Akeh prawan tuwo
12. Akeh rondo ngalairake anak
13. Akeh jabang bayi nggoleki bapake
14. Wong wodan ngalamar wong lanang
15. Wong lanang ngasorake, drajate dewe
16. Akeh bocah kowar
17. Rondo murah regane
18. Rondo ajine mung sak sen loro
19. Prawan rong sen loro
20. Dudo pincang payu sangang wong



Zamane zaman edan
1. Wong wadon nunggang jaran
2. Wong lanang lungguh plengki
3. Wong bener tenger-tenger
4. Wong salah bungah-bungah
5. Wong apik ditapik-tampik
6. Wong bejat munggah pangkat
7. Akeh ndandhang diunekake kuntul
8. Wong salah dianggap bener
9. Wong lugu kebelenggu
10. Wong mulyo dikunjara
11. Sing culika mulya, sing jujur kojur
12. Para laku dagang akeh sing keplanggrang
13. Wong main akeh sing ndadi
14. Linak lijo linggo lica, lali anak lali bojo, lali tangga lali konco
15. Duwit lan kringet mug dadi wolak-walik kertu
16. Kertu gede dibukake, ngguyu pating cekakak
17. Ning mulih main kantonge kempes
18. Krugu bojo lan anak nangis ora di rewes



Abote koyo ngopo sa bisa-bisane aja nganti wong kelut,keliring zaman kalabendu iku.


Amargo zaman iku bakal sirno lan gantine joiku zaman ratu adil, zaman
kamulyan. Mula sing tatag, sing tabah, sing kukuh, jo kepranan ombyak ing
zaman Entenana zamanne kamulyan zamaning ratu adil

Comments